Selasa, 17 September 2019

TIRAKATAN

Tirakatan

Tembung punika nembe dados tembung ingkang asring pun ucapaken. Malah tanggal 16 Agustus mbok menawi saben RT ngawontenaken acara tirakatan. Dados mboten aneh menawi ing media sosial dalu punika ugi kathah status tirakatan. Wonten ingkang awujud kabar arupi tembung-tembung, gambar foto, lan ugi video.
Tirakatan punika sak leresipun laku tirakat. Tiyang pados panggenan ingkang sepi. Wonten ingkang ngirang-ngirangi. Wonten malih ingkang mbudi daya supados saged mirsani kawontenanipun dhiri pribadi. Sadaya punika amrih saged ngendhaleni dhiri saking hawa nepsu.
Namung kemawon tirakatan sapunika mbok menawi sampun tebih saking pemanggih kados ing nginggil. Tirakatan samangke malah pun damel gayeng lan gumbira. Tebih saking swasana sepi. Punapa malih ngirangi kesenengan-kesenengan dhiri.
Pancen pemanggih lan kawontenan punika tansah ewah gumanti. Makaten ugi pemanggih bab tirakatan samangke. Ingkang kelampahan ing wekdal punika nggadhahi tafsiran enggal.
Tirakatan sapunika nggadhahi arti wujud sukur dhumateng Sumbering Gesang. Inggih awit saking berkahipun kamardikan saged katampi. Dados tirakatan punika wekdal kangge seneng-seneng. Wekdal kangge suka parisuka. Mbok menawi makaten?

(Jumat Pon, 16 Agustus 2019)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar