Selasa, 17 September 2019

MILIH

Milih

Dinten punika Kemis Pon, 1 Agustus 2019. Nyegat bus watawis setengah jam mboten angsal-angsal. Jam 4 langkung nembe wonten. Lajeng numpak ngaten kemawon.
Nalika kondektur nariki ongkos, wonten 2 penumpang ingkang kebandhang. Kedahipun sampun mandhap nanging taksih kemawon sekeca lenggah. Bareng mangertos manawi kebandhang nembe bengok-bengok nyuwun mandhap.
"Mudhun kono sisan, Mas. Kene ora ono kendharaan." Makaten aturipun kondektur.
"Nggak. Turun sini saja." Nem-neman mbengok radi sora.
"Nanti turun bareng saya saja. Terus naik ojek." Satunggal mbak penumpang paring usulan dhateng mas ingkang kabandhang kalawau.
"Ojo melu mbake. Mengko malah tambah bingung. Mudhun terminal wae terus bali numpak bus maneh." Ibu-ibu sepuh kanthi sora ngendika.
Salajengipun mboten wonten ingkang mangertos alesanipun. Kalih nem-neman punika milih mandhap sesarengan satunggal mbak penumpang ingkang paring usulan kalawau, ingkang ngginakaken basa Indonesia.
Nem-neman ingkang kabandang kalawau sampun milih. Punapa piyambakipun dumugi papan ingkang dipun tuju kula mboten mangertos. Amargi kula inggih langkung milih liyer-liyer. Mboten saben dinten saged numpak bus AC.

(Kemis Pon, 1 Agustus 2019)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar