Selasa, 17 September 2019

JINGKLONG

Jingklong

Sampun sawetawis dinten kewan punika pating kleper. Mboten wonten ing kebon utawi ing salebetipun griya. Kewan punika wonten salebetipun bus kota. Bus ingkang nembe antri wonten halte ngentosi penumpnag.
Cacahipun mboten namung setunggal kalih nanging kathah sanget. Mabur mrika mabur mriki. Para penumpang ingkang sampun lumebet bus wonten ingkang nggeplek mangiwa nggeplek manengen. Wonten ibu-ibu ingkang namung mendel kemawon nanging pasuryanipun ketingal risi. Wonten ingkang ngantos pindah jok celak sopiran amargi rumaos gila, jijik.
"Jingklong kok diingu to, Pir." Makaten salah satunggalipun penumpang wicanten.
Jingklong. Mboten saben tiyang mangertos punapa maksudipun. Amargi 'jingklong' sampun mboten asring dipun ucapaken wonten ing padintenan. 'Jingklong' sampun dipun gantos kaliyan 'nyamuk'.
Punika mboten namung bab basa kemawon. Mbokmenawi nglangkungi saking bab basa Jawa lan basa Indonesia. Nanging wonten ingkang langkung wigatos. Sifat ingkang gampil dipun pengaruhi kawontenan.
Kathah tiyang ingkang remen ngginakaken punapa ingkang kawastanan anyar. Ingkang langkung modern lan ketingal wah miturut pamawasipun. Nalurinipun tiyang pancen makaten.
Sampun lumrah. Bab-bab ingkang anyar punika langkung narik kawigatosan. Kadhangkala ugi mboten pun tingali sae lan mbotenipun. Ingkang baken anyar. Lajeng ingkang lawas pun bucal ngaten kemawon.

(Kemis Pahing, 15 Agustus 2019)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar