Kamis, 07 November 2019

PENGIN

Pengin
Sampun sawatawis wekdal mboten gladhen nyerat ngangge basa Jawa kados wekdal-wekdal kapengker. Ananging dalu punika raosipun pengin nyerat, kepengin nulis. Mboten wonten prekawis mirunggan ingkang dados bahan tulisan. Lan ugi mboten wonten kadadosan manjila ingkang narik kawigatosan.
Pokokipun namung pengin nulis ngaten kemawon. Temahan kados-kados ukara mili saking tuking sumber. Lajeng lair tembung-tembung ingkang sakawit angel.
Punika kalawau injih awit pepenginan ingkang kiyat. Pancen leres bilih pepenginan makaten ageng dayanipun. Inggih bab punapa kemawon. Manawi sadaya kinanthenan pepenginan ingkang kiyat, margi kangge mujudaken pepenginan mesthi bakal pinanggih.
Pepenginan makaten dados dayaning kakiyatan ingkang dipun paringaken Gusti, inggih pribadi ingkang dados sumbering kakiyatan. Namung kemawon, pepenginan ugi kedah dipun kendhaleni. Amargi wonten pepenginan sae makaten ugi pepenginan ingkang mboten sae. Kedah kapilah lan kapilih ingkang wonten paedahipun. Sumangga kita tliti supados pepenginan tansah ndhatengaken kasaenan tumrap diri pribadi lan tiyang sanes ing sakiwa tengen kita.
(Jumat Legi, 18 Oktober 2019)

BARENG SRENGENGE

Bareng srengenge
Wonten tetembungan makaten. "Mangkatmu bareng pitik metu saka kandhang. Mulihmu wayah lawa wiwit golek pangan."
Mboten mangertos punapa ingkang dados werdinipun tetembungan kalawau. Namung kemawon kados wonten sesambetanipun kaliyan kapan miwiti lan kapan mungkasi dinten.
Selasa Kliwon, 22 Oktober 2019 enjing punika kula mangkat bareng srengenge. Mboten mangkat bareng pitik. Manawi wangsul bareng kaliyan lawa wiwit pados tetedhan, punika sampun lumrah. Sampun prekawis padintenan.
Pancen saestu. Enjing punika bidhal dhateng padamelan sareng kaliyan srengenge ingkang wiwit sumunar mencorong. Kendharaan ingkang kula tumpangi iring-iringan kaliyan srengenge ing sisih wetan.
Kendharaan mlampah srengenge inggih ketingal kados mlampah. Kendharaan mandheg, srengenge ugi katingal mboten pindhah saking panggenanipun sakawit. Srengenge ngiringaken bus ingkang saya rikat lampahipun.
Ananging sanes bab punika ingkang narik kawigatosan. Ingkang langkung wigati inggih punika gegambaran panuntunipun Ingkang Kagungan Gesang. Kados srengenge ingkang nyarengi sinten kemawon ingkang lumampah nitih kendaraan. Makaten sajatosipun Ingkang Kagungan Gesang inggih nyarengi, ngamping-ampingi, malah paring panuntun ing sak margi-margi.
Bareng srengenge mujudagen gesang ingkang kedah dipun udi. Bareng srengenge ndadosaken gesang tansah kasunaran. Sunar punika ugi ingkang njalari lampahing gesang tansah wonten pangajeng-ajeng.
(Selasa Kliwon, 22 Oktober 2019)

UDAN WURUNG

Udan Wurung
Irah-irahan punika kasangaja kaserat 'udan wurung' sanes 'wurung udan'. Udan wurung kaangkah langkung narik kawigatosanipun para maos. Sinaosa suraosipun mboten tebih kaliyan wontenipun udan ingkang mboten estu neba.
Langit sampun peteng ndhedhet. Mendhung nglegayut. Toya kados-kados badhe dipun sokaken saking nginggil.
Angin mobat mabit. Bledug mabul mabul. Godhong garing mlajeng ngalor ngidul kasentor angin. Swasana tambah peteng amargi sorotipun srengenge kaaling-alingan mendhung ingkang sansaya kandel.
Raos seneng amargi pangajeng-ajeng jawah enggal tumurun kasarengan raos was sumelang manawi jawah kairingan prahara. Namung kemawon, jawah ingkang kantun neba kalawau wurung. Angin ingkang suwau medeni saya dangu ical. Kagentosan sumiliripun ingkang mbekta raos asrep.
Mendhung ingkang suwau peteng ndhedhet dangu-dangu kados luntur. Kagentosan mega ingkang biru pethak. Sorotipun srengenge ugi ketingal malih. Kuning. Soroting srengenge wayah sore.
Udan wurung. Manawi dereng wekdalipun, sinaosa sampun kantun neba inggih mboten badhe dados jawah. Sinaosa sampun mbendhayut kantun tumiba, gerimis kemawon ugi mboten kumepyur.
Sadaya pancen wonten titi wancinipun. Kados dene jawah ingkang wurung tumiba. Titi wanci makaten dados sengkeran. Mboten saged dipun undur utawi dipun majengaken.
(Senin Legi, 28 Oktober 2019)

WAYANG

Wayang
Dinten punika Kemis Legi, 7 November 2019 kawontenaken pengetan HWD (hari wayang dunia). Wayang sampun katetepaken dening UNESCO minangka warisan budaya asli Indonesia. UNESCO punika bebadan resmi PBB ingkang ngurusi kabudayan. Dados sampun limrah manawi dinten punika kathah panggenan ingkang wayangan.
Wayang satunggaling tontonan ingkang kagelar mboten namung kangge dipun pirsani. Wayang ugi pun ajab dados tuntunan amargi cariyos-cariyos ingkang dipun suguhaken nggadhahi piwucal sae. Piwucal bab kaadilan, kaleresan, kajujuran, lan pasinaon sae sanesipun.
Wayang kaangkah paring patuladhan dhumateng sinten kemawon ingkang mirsani. Amargi wayang saged dados gegambaran gesang kita ing saben dintenipun. Gesang ingkang kedah nindakaken kaadilan, kaleresan, kajujuran, lan sikep sarta sifat utama sanesipun.
Wayang pancen wewayanganing gesang kita ing donya punika. Mirsani wayang kados dene mirsani gesang kita pribadi. Gegambaran ingkang wonten ing kelir saged kemawon sae punapa malah kosok wangsulipun. Mbok manawi kados makaten ugi lelakoning gesang kita sapunika. Mboten tebih kados wayang.