Kamis, 10 Oktober 2019

Sawatawis

Sawatawis

Sampun sawatawis wekdal mboten saged nyerat tembung-tembung kados ingkang sampun-sampun. sadaya punika sajatosipun sanes prekawis ingkang prelu pun kuwatosaken. Amargi nyerat utawi mboten punika namung masalah wonten punapa mboten bahan ingkang kaserat.

Manawi dipun galih pancen kebangeten. Mosok inggih mboten wonten bahanipun. saben menit, saben jam, saben dinten, saben minggu, saben wulan mboten kendhat kawontenan ingkang pating sliwer. sadaya gilir gumanti mboten wonten telasipun. Dados alesan mboten wonten bahan punika namung alesan kemawon.

Byar melek mata, sampun kathah crita ingkang saged kaserat dados risalah. badhe dipun serat cekak punapa panjang kantun manut kekarepanipun panyerat. Nglilir ing wanci dalu ugi kathah prakawis ingkang sumadiya kangge bahan tulisan. Sawanci-wanci badhe nyerat?

Kantun pilih kemawon. Ingkang wujud pengalaman nyata utawi khayalan-khayalan ingkang sae-sae. Sadaya kantun milih.

Dados, sumangga enggal pun siapaken sadayanipun. Salajengipun. Langsung nulis kemawon.