Sabtu, 05 Januari 2019

Pambagyo Harjo

Dhandhanggula

Para rawuh umat kekasihing Gusti
Begja kita taksih pinanggya
Mahargya natal samangke
Sumangga munjuk sukur
Awit Gusti tansah mberkahi
Sakecakna lelenggahan
Dumugining rampung
Mugi-mugi pasugatan
Lan acara karenan ing ati
Ndadosna suka rena


Para rawuh nyuwun palilah lan idi
Amakili sadaya panitya
Matur nuwun pambyantune
Ingkang awujud atur
Penggalihan redana ugi
Gusti paring kacekapan
Mring sadayanipun
Sumangga sami ndedonga
Ngunjukaken bingah saha pamuji
Dhateng Rama ing swarga


Adhuh Rama kang wonten swarga adi
Karsa Tuwan ingkang klampahan
Wonten pahargyan samangke
Mugi tansaha nuntun
Wiwit buka panutup ugi
Berkah saha kanugrahan
Tansaha tumurun
Makaten pandonga umat
Kunjuk dhateng pangwasaning Kristus Gusti
Amin lan haleluya

Cakepan Ely Prihmono Sp, katembangaken Dhandhanggula nalika pahargyan Natal 2018, tanggal 25 Desember 2018 ing GKJ Wonogiri Utara, Wonokarto, Wonogiri.