Jumat, 17 Januari 2020

Monster uler

Monster uler

Pawarta cobra temtunipun langkung narik kawigatosan tinimbang namung uler. Jinis ulo punika pancen dados momok kangge kathah tiyang. Mboten namung upasipun ingkang mandi sanget. Nembe mireng bilih punika ulo cobra, kita sampun njegreg. Sauwat pikiran lajeng mbayangaken ingkang nggegirisi.
Benten kaliyan uler. Wujudipun pancen maneka warni. Wonten ingkang ireng njanges, wonten ingkang ijo kados godhong, wonten ingkang lorek-lorek, wonten ingkang kuning, lan sanes-sanesipun. Malah wonten ingkang endah warnanipun.
Uler mboten nggadhahi upas ingkang ndadosaken tiyang tilar donya. Ananging wujudipun saged kaanggep nggilani dening sawatawis tiyang. Ningali uler ingkang pating kloget tiyang saged girap-girap.
Pinten-pinten dinten punika nembe usum uler jati. Sasampunipun wit jati trubus godhongipun, uler jati kados-kados njedhul makaten kemawon. Ngertos-ngertos godhong ingkang suwau ijo royo-royo lajeng prigis.
Dinten candhakipun lajeng pating grandhul uler jati. Wonten ingkang nlusup sangandhapipun godhong garing, ndhelik sasela-selanipun watu, wonten ingkang ngetiging pados panggenan aman, wonten ingkang kabekta angin lajeng mrambat cendela, nempel tembok. Malah wonten ingkang mlebet griya liwat ngandhap kori ingkang mboten rapet.
Uler ingkang mboten nggegirisi lan mboten mbebayani manawi jumlahipun ewon saged kemawon dados monster. Monster ingkang ndhatengaken raos jijik lan gilo.
Namung kemawon. Tiga sekawan dinten malih. Monster uler punika badhe malih dados enthung ingkang wujudipun benten sanget kaliyan uleripun. Enthung utawi ungker punika malah dados berkah dhateng sawatawis tiyang ing sawatawis dhaerah.
Monster uler dados monster ungker. Salah satunggaling kaelokan ingkang ngeram-eramaken panggesangan kita.

(Senin Wage, 30 Desember 2019)

30 menit

30 menit
Sehat punika dados pepinginanipun saben tiyang. Mawarni-warni cara kausahakaken supados awak tansah sehat. Kanthi awak sehat sadaya pakaryan saged karampungaken kanthi sae.
Olahraga salah satunggalipun cara ingkang saged dipun tindakaken. Maneka warna wujudipun olahraga punika. Wonten ingkang kedah ngetokaken wragad kathah. Wonten ingkang murah meriah. Malah wonten ingkang tanpa sak sen kemawon wragadipun.
Punapa kemawon jenisipun olahraga ingkang kapilih, ingkang paling wigati mboten sanes inggih sehat. Sehat punika langkung larang reginipun dipun bandhingaken kaliyan wragad ingkang kasadhiyakaken.
Sehat sanes babagan ingkang cekap pun suwun lan dipun dongakaken. Kados ingkang kita tindakaken nalika nuweni tiyang sakit ing rumah sakit. Ingkang pun suwun pasien saged sehat lan waras kados wingi uni.
Sehat kedah dipun usahakaken. Lan usaha punika salah satunggalipun inggih kanthi olahraga.
Tigangdasa menit sanes wekdal ingkang dangu kangge olahraga. Nanging mumpangatipun ageng sanget kangge ngusahakaken sehat. Sumangga.

(Kemis Kliwon, 26 Desember 2019)