Selasa, 17 September 2019

LAKON

Lakon

Kemis Pon surya kaping 5 September 2019. Nonton teater ing Teater Arena Taman Budaya Jawa Tengah. Dinten punika dinten pambuka Parade Teater Pelajar tahun 2019. Teater Mijil saking SMKN 8 Surakarta ngleresi tampil. Lakonipun Nyi Ageng Serang. Nyariyosaken Nyi Ageng Serang anggenipun mengsah Kompeni.
Seratan punika mboten badhe ngrembag bab Teater Mijil. Seratan punika ugi mboten bandhe ngonceki bab usahanipun Nyi Ageng nalika nglawan Walanda. Seratan punika namung badhe ngrembag bab lakon. Lakon wonten gesang padintenan.
Gesang punika pancen mboten beda kaliyan kawontenan ingkang kelampahan ing panggung. Gesang ingkang kita lampahi saged kemawon gilir gumanti kahananipun. Dinten samangke mbok bilih kaparingan lakon ingkang sakeca. Benjing saged kemawon lakon ingkang sanget rekasa. Utawi kosok wangsulipun.
Kita mboten saged milih bilih lakon kita punika bingah terus, mesam-mesem, ngguya-ngguyu, tetembangan ing sadhengah papan. Kebak kabegyan. Gesang ayem tentrem. Sadayanipun kacekapan.
'Saiki dhapuranmu sapa lan mengko dhapukanmu apa?'
Tetembungan kados makaten saged pun dadosaken pemut wonten ing gesang kita. Dinten punika saged kemawon dados priyayi ingkang kajen keringan. Ananging dinten sanesipun kita ugi saged dados tiyang ingkang paling sudra ing donya punika.
Manawi pas pikantuk dhapukan ingkang sae lan ngremenaken mugi tansah enget bilih sadaya punika mboten lestari. Ugi mboten prelu deksiya punapa malih ngremehaken sanes.
Manawi pas pikantuk dhapukan ingkang mboten sae lan nyengsarakkaken mugi tansah enget bilih punika mesthi gumanti manut wekdalipun. Dados mboten prelu nggresula.
Saiki dhapuranmu sapa lan mengko dhapukanmu apa? Pasrah sumarah kemawon dhateng Ingkang Paring Gesang.

(Setu Kliwon, 7 September 2019, nDalem Giri Asri)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar