Selasa, 17 September 2019

SRENGENGE

Srengenge

Enjing punika Setu Pahing, 10 Agustus 2019. Hawanipun atis mbokmenawi amargi bedhidhing. Namung kemawon sunaring srengenge ingkang mencorong saged ndadosaken enjing punika tetep anget.
Barongan ngajeng griya ndadosaken swasana ketingal sumringah, bungah. Awit sorotipun sang bagaskara kapancaraken wangsul temahan kawontenan sakiwa tengenipun ketingal urip. Maneka warna taneman paribasanipun sami mesem.
Godhong pring ingkang suwaunipun namung ketingal garing sapunika kadya emas, sumunar. Ron jati ingkang setunggal kalih taksih ijo manggut-manggut remen nalika wonten sumiliripun angin. Ron pisang ugi makaten. Sadaya kados nggadhahi daya gesang anyar. Nyunaraken pangarep-areping gesang.
Srengenge mboten namung nggantos dalu dados siang. Mboten namung nyingkiraken adhem gumanti anget. Srengenge ugi mboten milih-milih ingkang badhe dipun sunari. Daya gesang kapancaraken saking sunaripun dhateng punapa kemawon lan sinten kemawon. Saking angetipun, pangajeng-ajeng ugi dipun janjekaken dhumaten sadya titah.

(Setu Pahing, 10 Agustus 2019)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar