Selasa, 17 September 2019

GLADHEN

Gladhen

Selasa Legi, 3 September 2019. Wekdalipun kirang langkung jam 14.00, jam kalih siang. Wonten kalih gladhen ingkang katindakaken. Gladhen kapisan inggih punika gladhenipun para siswa padhalangan wonten ing kelas. Gladhen ingkang kaping kalih gladhenipun para siswa ingkang badhe lomba FLS2N tingkat nasional wonten ing Lampung, inggih punika lare-lare seni teater.
Gladhen ingkang katindakaken mboten namung kaping tiga punapa sekawan. Ananging sampun makaping-kaping. Malah badhe katindakaken makaping-kaping malih. Gladhen ingkang asring lan kathah katindakaken badhe ndhatengaken asil ingkang sae.
Wekdal ingkang kabetahaken kangge gladhen mboten namung sadinten gangsal dinten. Minggu, wulan, malah asring ngantos mataun-taun supados tujuan ingkang katemtokaken saged mawujud. Gladhen pancen proses ingkang mbetahaken kasabaran, kauletan, lan raos temen.
Saben tiyang sajatosipun nindakaken gladhen wonten ing saurutipun gesangipun. Mboten namung gladhen ingkang katingal laku wujudipun. Langkung kathah malih gladhen ingkang mboten kawistara.
Nahan hawa nepsu punika ugi mbetahaken gladhen. Gesang ingkang welas asih saged kalampahan amargi gladhen. Mboten adigang adigung adiguna ugi mbetahaken gladhen. Suka pitulung namung saged kalampahan inggih awit gladhen. Lan sanes-sanesipun. Sadaya betah gladhen matemah gesang saged kalampahan kados ingkang pun cita-citakaken.
Badhe gladhen bab punapa?
Sumangga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar