Selasa, 17 September 2019

REJEKI SAKING GUSTI

Rejeki saking Gusti

Kemis Kliwon, 8 Agustus 2019 watawis jam sekawan sonten. Minggah bus bumelan inggih lajeng pados lungguhan jok ingkang kosong. Kanyatanipun pancen kathah jok ingkang kosong. Namung kemawon banjur wonten setunggal ingkang narik kawigatosan.
Jok punika sampun dipun lenggahi setunggal tiyang. Sakbrebetan kados nate kenal kaliyan tiyang punika kalawau. Lajeng lungguh ing jejeripun makaten kemawon.
Nalika salaman piyayinipun ketingal radi bingung. Mbok menawi ugi kaget. Dumadakan wonten tiyang ingkang njejeri lenggah, salaman, ngobrol ngalor-ngidul sok kenal sok akrab (SKSA).
Sawatawis wekdal piyambakipun nembe nyambung kalih sinten ngobrol gayeng kalawau. Wekdal 30 tahun sanes wekdal ingkang sekedhap. Semanten tahun saged ngicalaken memori jaman lare, sinaosa punika tangga celak.
Ringkesipun cariyos, nalika kondektur nariki ongkos, piyayi punika lajeng ngulungaken arta. Mboten namung mbayar kangge piyambakipun. Kanca ngobrol ingkang kalawau ndadosaken bingung ugi dipun bayari pisan.
Rejeki pancen namung saking Gusti. Rejeki punika pinangkanipun saged saking pundi kemawon. Ingkang kita udi kanthi ngrekaos malah mboten saged kecandhak. Ananging tanpa dipun kira malah dhateng piyambak. Punika wewadi. Namun Gusti ingkang pirsa.

(Kemis Kliwon, 8-8-2019)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar