Selasa, 17 September 2019

PECEL GENDAR

Pecel Gendar

Wonten saperangan ingkang mastani gendar pecel. Dipun nalar kanthi prasaja, kasebut pecel gendar manawi pecelipun langkung kathah katimbang gendaripun. Pun wastani gendar pecel amargi gendaripun langkung kathah tinimbang pecelipun.
Sonten punika watawis jam setengah nenem. Nembe badhe mlebet griya wangsul saking nyambut damel. Bakul pecel ngepasi liwat ngajeng griya. Lajeng tumbas setunggal wungkus ngaten kemawon. Pecel gendar, gimbal, tahu susur, lan tempe gembus. Mboten nelasaken sedasa ewu.
Mboten saben dinten saged tumbas. Amargi wekdalipun bakul lan wekdal wangsul nyambut damel mboten ajeg. Awit wekdal ingkang mboten mesthi punika mila lajeng tumbas satunggal wungkus. Lumayan kangge tamba pengin lan temtunipun ugi tamba luwe.
Menawi pun penggalih kanthi lebet, sajatosipun wonten malih bab ingkang langkung wigati. Nate wonten piwucal makaten. 'Yen bisa melua ngurang-ngurangi sanggane pepadhamu'.
Tumbas satunggal wungkus pecel punika lak sampun ngirangi gendhonganipun bakul pecel. Tumbas nenem gorengan makaten ugi ndadosaken saya entheng cangkinganipun. Punika ingkang saged langsung dipun raosaken. Mbok manawi pancen mboten kathah pangaruhipun.
Bab wigatos sanesipun. Kathah tiyang ingkang sampun mboten remen dhateng tetedhan pecel gendar kalawau. Sampun malih kok remen. Malah sawatawis tiyang mboten kenal malih.
Dados manawi kala-kala kita tumbas, mboten namung prekawis 'ngisi weteng' kita piyambak kemawon. Wonten 'weteng-weteng' sanesipun ingkang nggadhahi pangajeng-ajeng menggah payunipun pecel gendar. Kanthi makaten mboten penting malih pun sebat pecel gendar punapa gendar pecel. Ingkang langkung penting, sumangga pun pundhuti supados sangganipun dados entheng.

(Rebo Pahing , 4 September 2019, nDalem Giri Asri)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar