Selasa, 17 September 2019

KANUGRAHAN

Kanugrahan

Dinten Setu Kliwon, 3 Agustus 2019. Watawis jam 09.30 wangsul malih dhateng griya sakit punika. Pancen sampun pinten-pinten ambalan fisioterapi. Dados punika namung nelasaken program kados ingkang pun saranaken terapis.
Taksih kados dinten sanesipun. Jam-jam makaten punika kathah pasien ingkang sami antri. Para sepuh, nem-neman, punapa dene para lare. Wonten ingkang nembe priksa kapisanan lan pengin mangertosi lelaranipun. Wonten ingkang nembe mbudidaya amrih kasarasanipun. Wonten malih ingkang kontrol kangge pemulihan. Lan wonten ugi para lare ingkang namung pijet, terapi wicara, lan terapi sanes-sanesipun.
Pancen lelara mboten nate ningali umur lan sinten kemawon. Istilahipun mboten pandang bulu. Lare, nem-neman, bapa, ibu, lan para adiyuswa saged kemawon nandhang sakit penyakit. Malah tetiyang ingkang kanthi tumemen njagi kesarasan kemawon ugi saged ketaman sesakit.
Pancen sehat saras punika kanugrahan. Kanugrahan ingkang kaparingaken dhumateng saben tiyang. Awit saking punika, manawi pas kawontenan sehat saras, sampun limrahipun kasarasan kita jagi kanthi saestu minangka pangucap sukur ingkang nyata.
Dene menawi nembe nandhang sakit, sampun ngantos kecalan pangajeng-ajeng. Kanugrahan awujud kesarasan punika peparing. Mbok menawi sawanci-wanci kesarasan kaparingaken dhateng kita.

(Setu Kliwon, 3 Agustus 2019, PKU Selogiri)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar