Minggu, 02 Januari 2011

अवल Tahun

Protes Anakku

Dalam kategori orang dewasa, apa yang dilakukannya adalah protes. Mengapa perlu kata dalam kategori orang dewasa? Karena yang dilakukannya hanya bercerita. Lebih tepatnya, ia hanya berceloteh. Ngomong ngalor ngidul asal bunyi. Diksi tidak menentu. Lebih tepat (mungkin) disebut meracau.

Namun begitu, di balik ketidakjelasan dan ketidakteraturan, tetap ada hal yang bisa diambil maknanya. Ada sesuatu yang tidak disenanginya. Perlakuan-perlakuan orang dewasa di sekitarnya menjadi catatan. Memorinya mencatat perlakuan yang tidak dapat diterima dan yang memberi kesan.

Protes dengan cara yang berbeda. Namun begitu tetap memberi kesan sekaligus pesan yang tegas.

2011

Pengilon

Wacan: Yakobus 1
Nats: Yakobus 1: 23
Awit wong sing mung ngrungokaké waé tanpa nglakoni, kuwi kaya wong sing ngilo ana ing pengilon lan mung weruh rupané (Yakobus 1: 23)

Bab pengilon, ana crita mangkene. Sawijining krajan kaprentah dening raja kang gung binathara. Misuwur kawasisane. Kondhang kawicaksanane. Kuncara bebudene. Pamarentahan katindakake kanthi adil temahan krajan iku ayem, tentrem, adil, lan makmur. Kabeh mau njalari Sang Nata diurmati lan diasihi dening pamong praja, abdi dalem, lan rakyate.

Kondhange Sang Prabu ora mung ana ing laladan krajanne. Malah para raja ing manca, nelakkake rasa urmat lan pakering marang Sang Nata. Ana kang ngaturke upeti, ana kang caos dedana, tali asih, lan liya-liyane. Ananging sing akeh banjur padha meguru. Para raja ing sakiwa tengenne krajan iku padha sinau kawasisan lan kawicaksanan. Kabeh pengin mangerteni apa kang dadi wadine Sang Nata saengga bisa mrentah krajan kanthi apik kaya mangkono.

Ringkese crita, Sang Nata banjur memulang para raja kang pengin sinau mau. Sang Prabu miwiti piwulange. Panjenenganne ngetokake pengilon loro saka jubahe. Pengilon kang kapisan kaselehake ana ing meja. Para murid diprentahake padha ndeleng. Mbaka siji murid-murid iku didhawuhi nyritakake apa kang nembe dideleng. Kabeh murid nggambarake kahanan kang nyedhihake lan nrenyuhake sarta rupa-rupa kasangsaran kang dialami dening rakyate dhewe-dhewe. Pengilon kang kapindho nuli genti kaselehake ing meja. Para murid kadhawuhan ndeleng gambar ing pengilon. Mbaka siji kaprentah nyritakake apa kang dideleng. Kabeh murid nggambarake kahanan kang sarwa nengsemake lan nyenengake sarta rupa-rupa kabegjan kang dialami dening rakyate dhewe-dhewe.
Sang Nata banjur ngandika. Apa kang dideleng ing pengilon kapisan nggambarake kahanan kang sanyatane. Rakyat ing krajaning raja kang nembe meguru ora beda adoh saka gambar ing pengilon kapisan. Dene gambar ing pengilon kapindho kahanan kang diantu-antu dening rakyat. Gegambaran iku mau kabeh bakal dadi kanyatan sauger para raja iku nduweni krenteg kang gedhe, rancangan kang apik, lan kang luwih penting nindakake pakaryan kanthi tumemen. Iku mau kabeh kanggo mujudake kahanan kang nengsemake lan nyenengake supaya kabeh ngrasakake kabegjaning urip.

Crita ing dhuwur ngemu werdi: manawa kita pengin ngowahi kahanan, pengin ngrasakake kabegjaning urip, kita kudu gelem nliti uripe dhewe-dhewe lan tumindak kanthi tumemen kanggo ngowahi kahanan kang ora apik. Banjur apa hubunganne crita ing dhuwur karo wacan ing Yakobus 1?

Dina iki kita lumebu ing taun anyar, yaiku tahun 2011. Mumpung isih tanggal 1, coba padha niti priksa apa kang wus ditindakake lan diasilake ing taun 2010. Ana pangandika, saben wong sing padha cepet yèn ngrungokaké, nanging sing alon-alon yèn caturan utawa yèn nepsu (Yakobus 1: 19). Ing kanyatan sajroning kita masamuwan ya ing greja, ing lingkungan, ing masyarakat, utawa ing sadhengah papan, kang kedadeyan malah suwalike. Kita rebutan cepet olehe caturan: ora ana kang gelem ngalah, kabeh rebut benere dhewe-dhewe. Amarga rebut bener lan ora padha gelem ngalah banjur padha ngumbar kanepson. Padha dingertenana awit srana nepsu manungsa ora bisa nglakoni kersané Gusti Allah. Nangin sepisan maneh, kanepson kang asring nguwasani urip kita.

Kang dikersakake Gusti cetho: sing cepet ngrungokake. Iku ateges cepet mangerteni apa kang dadi kersanne Gusti, dirasak-rasakake, banjur ditindakake ana ing panguripane dhewe-dhewe. Ya urip padinan, urip masamuwan, lan urip sajroning masyarakat. Apa kang kapikir, apa kang kaucap, lan apa kang katindakake kudu kadasaran dening Pangandikane Gusti Allah kang kita mangerteni.

Nindakake apa kang dadi dhawuhe Gusti iku satemene mung nerusake apa kang dirungokake lan dimangerteni. Yakobus nandhesake, dhawuhé Allah lakonana, aja mung dirungokaké waé, sebab yèn mung kokrungokaké, kuwi padha karo ngapusi awakmu dhéwé (Yakobus 1: 22). Wong kang ora nindakake Dhawuhe Gusti ateges wis ngapusi. Saben wong mesthi tau ngapusi, ya mbuh sengaja utawa ora. Nanging, apa wae ancase, ngapusi iku tumindak kang ora becik. Lha apa maneh yen wong wis ngapusi awakke dhewe. Prakara iki dadi tumindak kang kebangeten. Utawa paling ora yen nganti ana penganggep, awakke dhewe wae diapusi apa maneh wong liya.

Nglakoni dhawuhe Gusti miturut Yakobus mujudake piwulang kang penting. Marga saka pentinge, Yakobus paring pemut, awit wong sing mung ngrungokaké waé tanpa nglakoni, kuwi kaya wong sing ngilo ana ing pengilon lan mung weruh rupané. Sawisé namataké rainé dhéwé, mangka banjur lunga, sanalika wis lali kepriyé rupané mau. Pengilon penting kanggo nonton praupan, kanggo nliti: rupaku nengsemake, nggemesake, apa malah medeni Kepriye rupane kang padha ngilo bisa dimangerteni. Marga saka pengilon, nengsemake bisa kasampurnakake. Rupa nggemesake bisa kaowahi karoben ora marai wong liya gemes. Rupa kang medeni diowahi ben ora medeni. Rupa pating cloneh bisa karesiki. Rupa kucem bisa kasegerake. Lan sateruse.

Sawernaning kahanan semrawut ing rai ora bisa katata supaya merak ati manawa ora ana krenteg kanggo ngowahi. Aja maneh kok ngowahi. Nggatekake apa kang kurang wae sok-sok ora duwe wektu. Malah ana kang nganggep wis ora ana barang kang kudu disampurnakake. Ngilo mung satleraman wae. Mesthi wae ya banjur ora kelingan kahanane raine dhewe.

Pemut Yakobus dadi bab kang penting banget tumrap urip masamuwan kita ing taun anyar iki. Kita sacara pribadi merlokake pengilon kanggo nliti urip kita dhewe-dhewe. Pengilon kita ora liya yaiku Sabda Pangandikane Gusti. Pitakonan kang kudu dijawab, apa kita wus ngasihi Gusti kanthi nindakake dhawuhe: ngasihi Gusti Allah lan sapepadha? Coba kita gatekake ayat iki: yèn ana wong sing rumangsa ngabekti marang Gusti Allah, mangka ora mekak ilaté, kuwi ngapusi awaké dhéwé, pangibadahé tanpa guna (Yakobus 1: 26). Mekak ilat ateges nguwasani pocapan. Apa ing taun 2010 kita wis kasil mekak ilat kita? Apa malah ilat kanggo ngucap pocapan-pocapan kang ora bener? Manawa durung, apa kang bakal kita tindakake ing tahun 2011 iki? Padha ngiloa, yen tetep nggunakake ilat kanggo barang kang ora bener apa akibate. Semono uga manawa kita ngowahi kanggo bab-bab kang kakersakake Gusti, apa kang bakal katampa?

Ora mung bab ilat wae. Ing ayat sabanjure, Yakobus nulis pangabekti sing bener lan tanpa cacad ana ing ngarsané Gusti Allah, Rama kita, yakuwi ngrumati para bocah lola lan para randha ing sajroning kasangsarané lan njaga supaya awaké dhéwé aja nganti kena ing jejembering donya (Yakobus 1: 27). Ngrumati wong-wong kang ngalami kasangsaran. Kasangsaran bisa kasebabake dening awakke dhewe, bisa uga dening alam, dening wong liya, sarta sebab-sebab liyane. Kang dadi wose, apa kang kudu kita tindakake meruhi kasangsaran kaya mangkono mau? Ngurusi diakonia umat wae kita asring bantah-bantahan perkara jumlah rupiah. Durung yen kanggo sosial lan bantuan. Rasa kuatir bab kacukupaning kabutuhan luwih gedhe tinimbang sumarah marang kuwasa lan pakaryaning Gusti Allah. Ananging ing sasisih liyane, kita bisa ngrayakake upacara-upacara kanthi mewah. Banjur, apa kang bakal kita tindakkake ing tahun 2011? Kamangka miturut para winasis, urip ora bakal luwih entheng, urip ora bakal luwih gampang.

Tahun anyar. Ayo padha nggunakake pengilonne dhewe-dhewe. Ananging aja mung padha ngilo. Ayo nggayuh kahanan kang luwih apik kanthi nindakake apa kang dadi Pangandikane Gusti . Sebab sing sapa nggatèkaké dhawuhé Gusti Allah sarta nglakoni kanthi tumemen, dadi ora mung ngrungokaké waé, ing sabarang-gawéné mesthi diberkahi déning Gusti Allah, sebab dhawuhé Gusti Allah kuwi sampurna lan ngluwari manungsa (Yakobus 1: 25). Sugeng warsa anyar, Gusti mberkahi.

Ely Prihmono S.P.